1 – Injil ora owah gingsir.Ing saben jaman, pangandikane Allah ora bakal owah, anane mung langgeng.
2 – Piala winales tresna.Sih katresnane Gusti Yesus, malah males kabecikan marang kang gawe piala.
3 – Bali sekawit, tanpa kasil.Urip iki gagal ngupaya kaslametan, kejaba bali kawitan, yaiku mratobat.
4 – Kawitaning karahayon.Kaslametan ndonya akhir bisa diwiwiti kanti kawitaning pamratobat.
5 – Miskin ing batin.Wis dadi kawruhing donya, kasugihan iku sing katon mripat. Nanging rumangsa ora sampurna, rumangsa miskin jroning batin, iku kasugihan kang ajine gedhe.
6 – Kadonyan njalari karibedan.Sejatine ora ana sisji bae sing ora mbutuhake bandha donya. Nanging bandha dadi ujian. Yen kanthi wicaksana nekakake ayem, yen tanpa kawicaksanan njalari karibedan.
7 – Ora krasa yen mbalela.Senajan rumangsaning ati kaya mbelani Gusti, nanging akeh kalakuaning manungsa kang sejatine nglawan lan mbalela. Nyata, dadi Kristen ora kajanjekake urip seneng kadonyan.
8 – Lila legawa yen kinanthi Gusti.Sing sapa kinanthi Gusti kudu yakin lan ndherek kanthi sukarena. Amarga panganthining Allah mesthi nuju marang tentrem rahayu. Lila legawa sajroning jiwa.
9 – Israel kasukman iku apa ?Isih akeh sing nganggep menawa bangsa Israel politis kang dina iki madeg dadi negara iku dipadhakake karo wong Kristen ing ngendi-endia papan. Apa bener mangkono ?
10 – Apa sing kudu pinercaya iku ?Ngaku pracaya, nanging ora paham apa sing dadi tujuane, apa sing kudu dipercaya, imane ora bisa sumeleh ing mantebing pracaya.
11- Winih kang tiba ing lemah eloh.Sabdaning allah iku winih, wiji becik. Kang nyebar Gusti piyambak lan para kagungane uga. Wong kang mbukak atine iku ibarat kaya palemahan eloh kang nampa berkah wilujeng.
12- Senajan nyingkur nanging diupadi.Palimirmaning Allah nggoleki marang umat senajan kang nglawan diupadi amrih slamet.
13- Allah pribadi kang ngandika.Kitab suci iku pangandikaning Allah. Lan kitab suci mratelakake menawa Gusti Yesus iku ingkang putra, menawa sing pracaya marang Panjenengane nampa kaslametan.
14- Sang Putra iku cempe kaswargan.Wiwit jaman kuna ana dhawuhing allah menaqwa kaslametan niku kudu kanthi kurban getih. Lan kurban iku mung Allah piyambak kang damel lan nyediani. Sang Cempe sinalib ing Golgota.
15- njil, isi parjanjiane Gusti Allah.Prasetyaning Allah iku sawiji, yaiku bakal paring kawilujengan marang umat manungsa. Lan kitab suci Injil mratelakake prajanji kawilujengan iku. Kepengin ngerti prasetyaning Gusti ?
16- Manungsa pinasthi kaukum.Lelambaran panguwaos sarta kaadilane Gusti Allah, wong dosa mesthi bakal nampa paukuman pati.Kepriye supaya urip iki bisa uwal saka pangancaming paukuman ?
17- Gusti wis ora kasawang maneh.Keblating ati bisa owah. Akeh sabab kang njalari ora nganggep marang Gusti Allah. Nanging saka pengalaman kang nyata, sing sapa nyingkur marang Allah uripe nemu sangsara.
18- Wanuh iku wiwitaning kaslametan.Karahayon iku peparinge Gusti Allah marang wong kang keduwung bab dosane, lan mratobat. Karahayon mau tumurun kawiwitan saka anggone umat manungsa bisa wanuh karo Allah. Kepriye ta supaya bisa wanuh marang Allah iku ?
19- Pepadhane diprihatinake, amrih slamet.Nggatekake butuhing liyan iku sawijining kawigaten utawa atensi kang becik. Utamane menawa kita mrihatinake – amrih pepadhaning urip nampa kaslametan langgeng.
20- Ngolah kaslametan lan kamulyan.Urip iki ibarat palemahan kang wis sinebaran wiji rahayu. Iya ati kita iki palemahane Pangeran. Ati kang kaolah becik, bakal tuwuh lan ngasilake kasetyan lan katresnan.
21- Cahyaning sih rahmat.Nyawang sih katresnane Sang Kristus, yaiku cahyaning berkah sih nrahmate Allah. Para kagungane Gusti prayogane uga nulad marang Gusti, nyunarake sih katresnan cahyaning sih rahmat iku.
22- Rancangan kang luhur.Sing jeneng rancangan, program utawa rekadaya apa bae, luhur lan orane katitik saka uwohe.Yen rancangan luhur, mesthi nguwohake ayem tentrem, yen rancangan ala mesthi nukulake bilai.
23- Kuncining ibadah.Akeh kang padha ngarani, ibadah iku kudu kalandhesan, iman katresnan. Ana kuncine sing maton, yaiku pambangun turut utawa kasetyan. Apa kita kabeh setya tuhu lan manut ing pangandika.
24- Sang Sabda makarya.Gusti Allah nuntun kita kabeh kanthi Sang Roh Suci, sarta Sang Roh Suci mau makarya ing urip kita, nalika kita kabeh nampa Sang Sabda. Nalika firman makarya, Roh suci uga makarya.
25- Gawe pirukun.Ati kang olah tresna iku ibarat palemahan kang nukulake wiji kang maedahi. Wiji kang maedahi banjurbisa nguwohake guna paedah – bakal nekakake ayem tentrem tumrap kang ngolah pirukunan.
26 -
27 –
28 -
29 –
30 –
31 –
32 –
33 –
34 –
35 –
36 -
37-
38 -
39-
40-
41 -
42 -
43 -
44 -
45 -
46 -
47 -
48 -
49 - Sang Tri Tunggal ing Sang Rama.Ing wangsiting Allah jaman kuna nganti tekan Wahyuning Allah ing jamanakhir, Sang Yehuwah Allah iku tetunggilaning Allah kang maha kawasa,Sang Roh kang Suci lan Sang Sabda. Iki ora owah gingsir. Wis pirsa bab iki ?
50 - Tinitah, dadi karsa lan ciptaning Allah.Yen ana kang nerangake menawa Kristus Yesus iku titahing Allah, maknanetitah iku sabda. Nyata bener menawa titahing Allah iku iya Sabdaning Allah.Gusti Yesus iku ciptaning Allah, beda karo kang kacipta dening Allah kangwujud titah. Malah samubarang kabeh kang gumelar iki anane merga GustiYesus Kristus. Panjenengane iku Sang Sabda sabdane Gusti Allah.
51 – Sang Sabda iku wedharing cipta. Wis pirsa, apa dhawuhing Allah?Panguwasa apa bae, cinitra ing Sabdane utawa pangandika lan dhawuhe.
52 – Maha Esa lan Maha Sampurna.Sang Sabda karo sing ngandika iku siji, ora ana bedane. Pracaya marang kasampurnane Allah?
53 – Wewadi kang kasimpen. Sing sapa bakal nggayuh sejatining bebener, kudu manut marang pangrehing Roh,Aja nggugu marang kareping atine dhewe.
54 – Manunggal datan pinisah.Kitab Suci wasiat lawas, anyekseni anane Sang Yehuwah Allah, Rohing Allah lan Sang Sabda. Prajanjian anyar anyekseni yen Sang Sabda iku Allah tan pinisah.
55 – Gusti Yesus iku Sang pepadhang.Pangerten kang ora owah gingsir, sing ora wanuh marang Kristus Yesus tegese urip ana ing sajroning pepeteng.
56 – Gusti Yesus mesthi bakal rawuh. Gusti Yesus iku kang kagungan sarta retuning dina kiyamat. Mula pinasthi bakal rawuh maneh, mungkasi samubarang sarta ngetingalake kamulyaNe.
57 – Mmanunggal ing awing-awang. Ing akhir jaman Gusti Yesus pinasthi rawuh, lan para kagungane kaangkat kapulung manunggal ing akasa. Kinanthi mlebu ing kaswargan.
58 – Sang antikristus ngimpun bala. Sang antikristus iku Iblis. Akhire pinasthi kasoran dening Sang Kristus Yesus.
59 – Wong pracaya bakal ndherek marentah ing katon sewu taun. Aku lan panjenengan mangu-mangu apa yakin menawa iku bakal maujud ?
60 – Gusti Ratuning tentrem rahayu. Wewenang donya lan swarga ana ing astane Gusti Yesus. Apa bisa nemu katentreman menawa manggon ing sanjabaning Sang Kristus ?
61- Hakim Agung akhir jaman. Apa kita kabeh wis ngerti manawa kang bakal netepake umat manungsa mlebu swarga apa mlebu naraka iku Sang Hakim Agung akhir jaman. Panjenengane iku Sang Kristus.
62 - Langit anyar lan bumi anyar. Gusti Yesus nyawisi papan marang para wong pracaya, dipapanake ana ing langit anyar lan bumi anyar. Kita wong tetebusan nunggil marang Gusti langgeng salamanya.
63 - Gusti Yesus kang ngadili para bangsa. Ing akhir jaman, para bangsa saka bangsa apa bae, bakal ngadhep marang Gusti Yesus kang lenggah ing dhampar agung. Ngasta panguwaosing pangadilan.
64 - Gusti Yesus ing Tritunggal Suci. Ora perlu bingung bab sapa sing kagungan pangwasa. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Yesus Sang juru wilujeng iku, nunggil ana ing Tri Tunggal Suci Allah.
65 - Manunggaling kawula Gusti. Umat manungsa kang nggegilut filsafat dhuwur, nggayuh bisane manunggal karo Allah. Kuwi bisa kelakon lamun Gusti Allah karsa nunggil marang kawula.
66 - Urip anyar iku pangrehing roh suci. Urip lawas iku nuruti kekarepaning manungsa dhewe. Nuruti hardaning kadagingan. Urip anyar iku, manut pangrehe Roh Suci. Kawiwitan saka taberi nampa sabdaning Allah.
67 - Urip anyar iku Kristen Rohani. Kita ora mung cukup duwe atribut agama. Nanging urip anyar iku sipat rohani. Kristen agamawi ora njalari karahayon. Kristen Rohani iku kang nekakake berkah.
68- Urip anyar iku dadi kulawargane Allah. Ora tanggung-tanggung, Gusti Allah ngangkat putra marang wong pracaya, wis dadi brayat.
69 - Urip anyar iku wanuh marang Allah. Swarga iku urip langgeng. Urip langgeng iku menawa kita wanuh marang Allah . Wanuh marang allah iku nunggal karo Gusti lan taberi nampa sabda firmaNe.
70 - Urip anyar iku urip kanthi pandonga. Titikane wong kang wus ngrasuk urip anyar iku, menawa setya tuhu ing pandonga. Tanpa pandonga padha karo isih urip ing iman kang tanpa kekuwatan.
71 - Apa sing diimani wong pracaya? Kita kabeh kudu ngudi, paham lan ngerti, ingaran wong pracaya iku sejatine pracaya marang apa? Iki bisa nemu wangsulane menawa kanthi sabar kita sinau kitab suci.
72 - Layang Yohanes dadi panuntun. Rasul Yohanes, nulius kang kawitan iku wujud layang kanggo sedulur nunggal iman. Ngelingake lan memulang bab laku Kristen. Mula wigati banget kita sinau.
73 - Sing ngakoni dosa pinaringan mulya.Rasul Yohanes ngelingake, menawa kamulyan iku merga nanggapi timbalane Gusti Allah. Kaya jamane nabi Yesaya uga, supaya manungsa mratobat, ngakoni dosa-dosane.
74 - Sang antikristus iku pengawak Iblis. Antikristus sabalane, kalebu umat manungsa kang dadi penganute, ora ngakoni menawa Yesus iku Kristus. Malah Gusti Yesus iku mung dianggep ciptaan utawa titah bae. Kepriye kitab suci ?
75 - Iman tansah ngalami ujian.Nyandhang rekasa sawetara, ngadhepi urip susah sawetara, bisa uga iku dadi ujian. Wong miskin kauji imane srana miskine, wong sugih kauji imane srana kasugihane.
77 – Ibuning brayat kudu tansah waspada.Iblis nyerang umat manungsa uga lumantar ibuning brayat. Iblis duwe karep nglebur kulawarga. Mula sing waspada para biyung kang nggulawenthah putra.
78 – Mamas dhiri ora metani pialaning pepadha. Seneng metani cacating liyan, kuwi bisa uga merga bakal nutupi alane dhewe, utawa pancen rumaqngsa wis luwih becik. Kuwi ngapusi atine dhewe. Merga rumangsa luwih becik.