- George Ford
Buku Sugenge Gusti Yesus jilid pitu, medhar bab sedane lan wungune Gusti Yesus. Seda sinalib ing Golgota, sawise diadili kanthi daksiya, nanging kagungan panguwaos bangkit, wungu saka seda. Kenangapa Gusti kudu seda? Upama Gusti ora kasalib, dadine kepriye? Yen Gusti ora bangkit, ora wungu saka seda, nasib kita kepriye ? Ana piwulang, lamun Gusti ora seda lan ora kuwaos wungu, ora ana gunane dadi wong Kristen. Kepriye katrangane bab kuwi mau kabeh. Buku iki perlu disinau.
- George Ford
Rawuhe sang Juru Slamet ing jagad iki, nggoleki sing ketriwal. Kagungan sipat ka-Allahan, Manungsa sejati lan suci tanpa dosa. Mula sembada jumeneng Juru Wilujeng. Banjur nyucekake Bait Allah, yaiku Padaleman Suci Yerusalem. Semono eloking panguwaose. Ingatase wis pirsa menawa mlebu Yerusalem bakal ketemu karo para wong Parisi lan Yahudi sing padha nglawan nanging tetep rawuh. Pancen wis dadi karsane, Gusti mlebet kitha Yerusalem. Nyucekake Padaleman Suci lan mranata Bujana Suci. Ing buku Sugenge Gusti Yesus jilid enem iki kita bisa sinau maknane kang luwih jero.
- Iskander Jadeed
Pandonga iku dadi napas uripe wong kang ibadah lan ngabekti marang Gusti Allah. Ngaturake pandonga, ora kena mung angger muni. Apa maneh mung melu-melu anut grubyuk. Kudu kanthi urmat lan kayekten, nyondhongi panuntuning Rohing Allah. Buku iki dadi panuntun, kepriye ndedonga sing becik lan bener. Kepriye supaya pandonga tinarima dening Gusti. Kabule pandonga iku kepriye. Carane kepriye, aturane laku kaya ngapa lan sedinane kaping pira ndedonga iku, banjur katujokake marang sapa. Supaya pandonga kabul, sapa sing nanggung – katrangake uga ing buku cilik cekli iki.
- Iskander Jadeed
Buku cilik cekli tinulis dening Iskander Jadeed irah-irahane: KUDU TUMINDAK APA SUPAYA MESTHI RAHAYU ? Prayoga dadi kagungan panjenengan lan diwaos, sarta disuraos kanthi premati. Ngandharake bab karahayon sejati, unggul merga antuk pangluwaran saka Gusti Allah. Kuwi pakaryane Sang Juru wilujeng. Ing jagad iki saben titah mbutuhake kaslametan. Sapa bae, sing pniter, sing bodho, sing sugih sing meskin, suku lan bangsa apa bae, mbutuhake wilujeng. Amrih rahayu, buku iki medhar katrangan.
Jilid kapisan nyaritakake bab miyose Gusti Yesus nganti ing taun-taun awal sugenge Gusti Maca buku iki kita kabeh antuk gegambaran bab kaya ngapa: Kapribadene Gusti, sumbering riwayat lan sarasilahe. Kaya ngapa bungahe jagad raya oleh pawarta saka malaekat wektu bakal miyose Gusti Yesus. Para wicaksana ngalembana lan mulyakake, lan kaya ngapa lelampahane sadurunge diwasa.
- George Ford
Ing buku Sugenge Gusti Yesus jilid loro, mbabar bab kaunggulane Gusti Yesus nalika kagodha dening Iblis ing ara-ara samun. Iki sejatine wigati kita sinau kanthi tumemen, merga kaunggulane Gusti iku kudu dadi patuladan lan paugeraning urip kita ing jaman saiki. Ing jilid loro iki kita uga bakal miwiti nyinau kanthi bebles, kawitane paladosane Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng.